WWW.KISAHKAMU.COM
WWW.KISAHKAMU.COM Page 1
Pidato Bahasa Jawa Dengan Tema Perpisahan
Assalamu'alaikum wr. wb
Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah ugi Bapak - Ibu Guru
ingkang satuhu luhuring budi lan rencang - rencang kelas 9
ingkang kula tresnani.
Monggo kito sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti
ingkang maha Agung ingkang sampun maringaken sedoyo
nikmat lan kewarasan dateng kito sedoyo dumugi sakmeniko
kito sedaya saged kempal wonten ing adicara perpisahan sak
manika.
Kula, wakil saking rencang - rencang kelas 9 ngaturaken
maturnuwun ingkang sak ageng-agengipun kagem Bapak / Ibu
Guru ingkang sampun mbulawantah kulo lan sak konco-konco
dateng pawiyatan menika ingkang dangunipun tigang warsa.
Mboten keraos kolo lan rencang sebrayat sampun ngelampahi
WWW.KISAHKAMU.COM
WWW.KISAHKAMU.COM Page 2
ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki. Wonten ing
adicara menika, kulo kiyambak tuhu rencang - rencang nyuwun
agenging pangapunten sangking Bapak / Ibu guru amargi
wonten ing tigang warso ngangsu kawruh wonten pawiyatan
mriki kulo lan sak rencang mebo menawi gadhah kalepatan
ingkang dipun sengojo lan mboten disengojo. Mugi - mugi
Bapak / Ibu guru kerso ngapuntenaken sedoyo kelepatan kulo
lan rencang - rencang.
Satuhunipun kulo lan sak konco awrat sanget badhe nilaraken
pawiyatan menika amargi sedoyo ingkang wonten dateng mriko
sampun kados sederek lan kaluargo. Namung amargi kulo lan
rencang - rencang kedah nglanjutaken ngangsu kawruh wonten
ing pawiyatan ingkang luwih inggil, kulo lan rencang - rencang
kedah saget dening ikhlas nilaraken pawiyatan menika.
Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur. Bilih menawi
wonten kalepatan kulo nyuwun agenging pangapunten.
Wasslamu'alaikum wr. wb
WWW.KISAHKAMU.COM
WWW.KISAHKAMU.COM Page 3
Pidato Bahasa Jawa Perpisahan Sekolah
Asslamualaikum Wr. Wb.
Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kinabekten, bapak ibu
guru ingkag dahat kinurmatan, rencang saha adik kelas ingkang
kula tresnani.
Puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung. Ingkang
sampun anglu beraken rahmat sarta hidayah. Dene kula
panjenengan sami saged makenpal wonten ing sekolahan
kangge ngawontenanken perpisahan.
Bapak/Ibu guru ingkang dahat kinurmatan mboten kantun kula
minangka wakilipun putra putri siswa kelas sanga atur agunging
panuwun ingkang tanpa upami awit keiklasan saha sih
katresnan Bapak/Ibu Guru nggulawenthah dhumateng para
siswa waengga saget ngampungake kewajiban ingkang sampun
kalampahan sadangipun tigang tahun, khanti pikantuk surat
tandha tamat blajar.
WWW.KISAHKAMU.COM
WWW.KISAHKAMU.COM Page 4
Sedangipun tigang taun kula ngangsa kawruh wonten ing
pawiyatan wonten ing panggulemah thanipun, ngantos wonten
pengeketing batin seingga karengku kados putraputri piyambak.
Bapak ibu tuwin adik adik ingkang satuhu kula kurmati saha kula
trisnani. Sakedhap malih kula sarencang rencang nilaraken
pawiyatan punika. Awrat anggen kula matur kados pundi
raosipun nilar Bapak/Ibu Guru saha adik adik, amargi
kawontenan kedah mekaken, pramila kepeksan kula kaliyan
rencang rencang nilaraken Bapak/Ibu Guru saha adik adik kelas
pitu tuwin kelas wolu sanadjan ta sampun perpisahan ingkang
ateges tindih ing natra. Mewantu wantu kula tansah
nyenyuwun supados taksih celak ing pengasih.
Pawiyatan ingkang sampun metahu tahun sampun tansah
cecaketan kaliyan kula, kula sarencang rumaos cuwa penggalih,
badhe nilaraken pawiyatan menika, amargi kahanan saka
karsaning gusti, wonten pepaggihan tamtu badhe wonten
perpisahan, punika kados sampun sampan kodrat mboten
kenging dipun owahi maleh.
Kula sarancang kelas sanga ingkang badhe nilaraken pawiyatan
punika tansah nyenyuwun lan ndedanga adik adik sageda kasil
anggen ipun ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan punika,
kula minangka wakilipun rencang kelas sanga tansah nyuwun,
mugi mugi adik adik sregep anggenipun sinau lan tansah mituhu
dhumateng Bapak/Ibu Guru.
WWW.KISAHKAMU.COM
WWW.KISAHKAMU.COM Page 5
Mboten kantun ugi kulo dalah rencang kelas sanga tansah
memuji dhumateng gusti ingkang Maha Agung, supados
Bapak/Ibu Guru saa adik adik pikantuk nikmateng pangeran
wilujeng mboten wonten alangan satunggal punapa.
Kulo kinten mboten prayogi menawi atur pamitan pamitan
punika kulo pepanjang. Kulo naming tansah nyuwun tambahing
donga pangestu saking Bapak/Ibu Guru saha adik adik. Sageda
wilujeng sasampunipun medal saking pawiyatan punik lan
sageda pikantuk pawiyatan luhur kangge ngangsu kawruh
ngilmu ingkang langkung inggil. Ingkang mboten nglajengaken
sageda pangestu pedamelan ingkang samurwat kaliyan
pangetosan ingkang sampun tinampi.
Mbok menawi wonting kirang tata karma anggen kulo matur
saha sisip sembiring atur, kulo minongko wakil kelas sanga
tansah nyuwun agunging panuwun igkang tanpa upami.
Akhirul kalam billahi taufik wal hidayah.
WassalamualaikumWr.Wb.
WWW.KISAHKAMU.COM
WWW.KISAHKAMU.COM Page 6
Pidato perpisahan bahasa jawa
Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan. Bapak, Ibu Guru
ingkang satuhu luhuring budi. Para kanca, siswa-siswi SMPN
temayang ingkang kula tresnani. Sumangga langkung rumiyin
sami ngaturaken syukur dhu-mateng Gusti Mahakwasa ingkang
kepareng paring rahmat lan hidayahipun. Kita sadaya taksih
saged kempal manunggal kanthi tentrem, bagas, waras, kebak
ing kabagyan saenggo kita sedaya saget sesarengan kempal
dhateng adicara perpisahan siswa kelas 9 punika.
Sa’sampunipun Muji Syukur dateng Allah SWT, soho
nyuwunaken tambahan Rohmat Keselametan dateng Rosululloh
SAW.
Kula siswa kelas 9 ingkang mewakili kanca-kanca kelas 9
ngaturaken matur sembah nuwun kagem sedaya bapak ibu guru
ingkang sampun mbulawantah kula sakanca dangunipun tigang
warsa dateng pawiyatan menika, matur suwun sanget kulo
piambak kalian wakilipun sedoyo rencang aturaken kagem
bapak ibu guru.
Tigang warsa mboten keraos mpun dipun lampahi temtu kula
kalian sedoyo rencang nggegadahi imutan sae lan awon mugi
WWW.KISAHKAMU.COM
WWW.KISAHKAMU.COM Page 7
lantaran sedanten emutan puniko wau kula soho sedoyo
rencang bakal nuwuhi raos kangen sanget dateng smp
temayang ngriki. Mboten ketilar kulo selaku wakilipun kelas 9
ngaturaken gunging samudro bapak ibu guru sedoyo supados
kerso ngapuntenaken sedoyo klenta klentu kulo lan rancang
sami.
Kula sakanca inggih badhe nyuwun pangestunipun supados kula
sakanca saget nglebeti pawiyatan enggal ingkang sae ingkang
sampun dhados tujuan kula sakanca. Ugi nyuwun dongo
supados kula sakanca saget dados tiyang ingkang migunani
kagem keluarga, masyarakat, ugi bongso lan negara.
Sejatosipun kula sakanca kraos awrat sanget kagem nilaraken
pawiyatan menika.
Kula inggih gadhah sekedik pesen kagem adek-adek kelas 7
kaliyan 8 kususepun kagem kulo piyambak supados sinau
ingkang sregep. Kedah emut marang ajaran islam perkawis
manfaataken wekdal, wekdal puniko gentos ning mboten
keraos mulo ampun ngantos leno deneng ngisi wektu, ibadah
kalian sinau salah sawijinipun kwajiban kulo kalian adek adek
sedoyo, utawin diartosaken usaha kalian do’a, tujuane
setunggalkemawon inggih puniko supados saget wujudaken
cita-cita nipun ugi dados lare ingkang lanthip slamet ndonyo
akhirat amin.
Cekap semanten saking kula, manawi anggen kula sakanca
WWW.KISAHKAMU.COM
WWW.KISAHKAMU.COM Page 8
kagungan sisip sembering. Ingkang klenthu, kula nyuwun
agunge panga puten dumateng sedaya kemawon. Kula aturaken
matur sembah suwun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar